Ora Isa ‘Audio Sink’ Jalaran ‘Stream Setup Failed’ ing Lubuntu
Aku ana wujud headset Bluetooth sing duwé jeneng C8. Lumayan apik, saliyané bateraié ugur duwé umur satengah jam. Wingi aku jajal masang ing laptopku (jajal waca “Lubuntu ing Acer Aspire V5-132“). Kabeh normal, saliyané kudhu gawé copcopan Bluetooth tambahan jalaran gawanan ora isa ngrasakné ana wujud Bluetooth liya (Tambahan 2015-01-24: Aku uwis nemu cara ngatasi ing “Gawé Mlaku Bluetooth Gawanan Acer Aspire V5-132 ing Lubuntu“).
Pas dak jajal “Audio Sink”, yaiku fungsi bené suara saka pelantang ing laptop pindah menyang headset Bluetooth, iki ora isa. Aku nemu galat: Audio Sink: Stream Setup Failed
, saka Blueman, program tukang ngatur Bluetooth gawanané Lubuntu.
Lah, mari ngono aku nemu cara dandani masalah iku. Sing kasiji, pasang pulseaudio
sing ana modul bluetooth
,
apt-get install pulseaudio-module-bluetooth
terus uripno gawé perintah:
pactl load-module module-bluetooth-discover
Mari iki langsung isa dijajal. Sampéyan uga isa nambah perintah iki ing berkas awal sapéyan.
Tambahan.
Menawa iki ugung isa mlaku, sampéyan isa nyunting berkas /etc/bluetooth/audio.conf
pas dahi super user
.
Ing bagian [General]
atur Disable=Socket
.
Ing bagian [Headset]
ubah HFP dadhi to HFP=false
.
Lan ing [A2DP]
atur SBCSources=1
uga MPEG12Sources=0
.
Mari ngono,
sudo restart bluetooth sudo alsa force-reload
Menawa bingung utawa ana tambahan liya, ojo sungkan gedhabrus ing ngisor!
Ojo lali, gedhabrus is our right, kopibec!
Mendhung
Acer Android Aspire V5 b64dta Baca Bayu Berkas CentOS CLI Crontab Debian Direktori DNS Fedora Gawe Penak IETF Istilah javascript Jejaring Kadhohan Kata Komputer Lama Linux Lubuntu Pengaturan PHP RedHat RPC Sejarah sekrip SSH Telnet Terminal torrent Tulis Ubuntu Ubé unduh-unduh uri magnet Waktu Windows Wordpress WWW ꦲꦤꦕꦫꦏIngkang Akhir (JV)
Katêgoni
- Hanacaraka (1)
- Internet (4)
- Jejaring (5)
- Kekata (4)
- komputer (26)
- Mlaku-Mlaku (2)
Tautan
- Amazon.com Tuku wujud saka duwit!
- Bitcoin Gratis Ugur klik-klik.
- Nambang Ugur ing Peramban
- Teknik Elektro Asalku ing Ubé
- Wèké Bayu
- Wikipèdia Gudang ilmu lan ngilmu.
- ꧋ꦧꦪꦸ ꦲꦶꦁ ꦲꦸꦧꦺ꧉
Bumbung
- July 2015 (2)
- January 2015 (2)
- December 2014 (1)
- October 2014 (1)
- September 2014 (1)
- August 2014 (2)
- May 2014 (1)
- February 2014 (2)
- December 2013 (1)
- November 2013 (4)
- September 2013 (1)
- August 2013 (1)
- July 2013 (1)
- June 2013 (2)
- April 2013 (3)
- November 2012 (1)
- August 2012 (3)
- July 2012 (1)