Mlebul Shell wèké Android
Aku duwé Acer Z120. Hapé iku gawé sistem operasi Android. Lumayan isa dak gawé dolanan lan komputer cekelan menawa aku mlaku-mlaku uga ora gawa komputer jinjing.
Jalaran iki iku Android, piyé yèn menawa aku kapingin akses isié hapéku ing terminal. Maksudku kaya black magic ing Linux. Lah, ing Android iku ana Android Debug Bridge sing isa disingkat ADB. Iku kanggé ngakses jeroanné komputer Android.
Ayo masang.
Sadurung iki, sampéyan kudu nguripi “Debugging USB”, disik. Saben hapé beda. Yèn ing Acer Z120, iku ana ing “Opsi Pengembang”. Mari iku, langsung waé masang. Oh, ya iki kanggé Ubuntu.
sudo apt-get install android-tools-adb
Ojo lali mènèhi sandi root
kanggé sudo
.
Kanggé akses, sapéyan ketik adb shell
.
$ adb shell * daemon not running. starting it now on port 5037 * * daemon started successfully * error: insufficient permissions for device
Lah, ana apa iku?
Iku jalaran sampéyan ora duwé izin ngakses hapé. Mangkané sampéyan kudu nglakuné layanan iki pas dadhi root
gawé sudo
.
sudo adb start-server
Iku isa waé dilakuné pas dadhi pengguna biasa. Nanging, bakal panggah ora isa éntuk akses menyang hapé.
Jajal.
$ adb shell shell@android:/ $
Sip!
Kok kaya repot.
Setuju iki ngrepotaké. Jalaran kudu mlaku kaping loro. Sing kasiji kanggé nguripné layanan dadi root
, terus baru isa ngakuné ing pengguna biasa.
Pertama-tama, cek daftar perangkat.
$ lsusb Bus 001 Device 006: ID 0502:3472 Acer, Inc.
Iku ketara kode produsen 0502
lan perangkat 3472
.
Terus gawé berkas /etc/udev/rules.d/51-android.rules
pas dadhi root
.
SUBSYSTEM=="usb", ATTR{idVendor}=="0502", MODE="0666"
Iku kudu siji baris. Iki dak tugel bèn pénak kawaca.
Terus muat ulang udev
,
sudo udevadm control --reload-rules sudo service udev restart
lan masang-copot perangkat sampéyan.
Jajal.
$ adb shell * daemon not running. starting it now on port 5037 * * daemon started successfully * shell@android:/ $
Saking sip!
Tambahan.
Bèné liwih penak, menawa perangkat sampéyan ora ugur kaya hapéku, iki daftar lengkap perangkat kanggé udev
jaré USB Vendor IDs ing dokumentasi Android.
SUBSYSTEM=="usb", ATTRS{idVendor}=="0bb4", MODE="0666" SUBSYSTEM=="usb", ATTRS{idVendor}=="0e79", MODE="0666" SUBSYSTEM=="usb", ATTRS{idVendor}=="0502", MODE="0666" SUBSYSTEM=="usb", ATTRS{idVendor}=="0b05", MODE="0666" SUBSYSTEM=="usb", ATTRS{idVendor}=="413c", MODE="0666" SUBSYSTEM=="usb", ATTRS{idVendor}=="0489", MODE="0666" SUBSYSTEM=="usb", ATTRS{idVendor}=="091e", MODE="0666" SUBSYSTEM=="usb", ATTRS{idVendor}=="18d1", MODE="0666" SUBSYSTEM=="usb", ATTRS{idVendor}=="0bb4", MODE="0666" SUBSYSTEM=="usb", ATTRS{idVendor}=="12d1", MODE="0666" SUBSYSTEM=="usb", ATTRS{idVendor}=="24e3", MODE="0666" SUBSYSTEM=="usb", ATTRS{idVendor}=="2116", MODE="0666" SUBSYSTEM=="usb", ATTRS{idVendor}=="0482", MODE="0666" SUBSYSTEM=="usb", ATTRS{idVendor}=="17ef", MODE="0666" SUBSYSTEM=="usb", ATTRS{idVendor}=="1004", MODE="0666" SUBSYSTEM=="usb", ATTRS{idVendor}=="22b8", MODE="0666" SUBSYSTEM=="usb", ATTRS{idVendor}=="0409", MODE="0666" SUBSYSTEM=="usb", ATTRS{idVendor}=="2080", MODE="0666" SUBSYSTEM=="usb", ATTRS{idVendor}=="0955", MODE="0666" SUBSYSTEM=="usb", ATTRS{idVendor}=="2257", MODE="0666" SUBSYSTEM=="usb", ATTRS{idVendor}=="10a9", MODE="0666" SUBSYSTEM=="usb", ATTRS{idVendor}=="1d4d", MODE="0666" SUBSYSTEM=="usb", ATTRS{idVendor}=="0471", MODE="0666" SUBSYSTEM=="usb", ATTRS{idVendor}=="04da", MODE="0666" SUBSYSTEM=="usb", ATTRS{idVendor}=="05c6", MODE="0666" SUBSYSTEM=="usb", ATTRS{idVendor}=="1f53", MODE="0666" SUBSYSTEM=="usb", ATTRS{idVendor}=="04e8", MODE="0666" SUBSYSTEM=="usb", ATTRS{idVendor}=="04dd", MODE="0666" SUBSYSTEM=="usb", ATTRS{idVendor}=="0fce", MODE="0666" SUBSYSTEM=="usb", ATTRS{idVendor}=="0930", MODE="0666" SUBSYSTEM=="usb", ATTRS{idVendor}=="19d2", MODE="0666"
Menawa bingung utawa ana tambahan liya, ojo sungkan gedhabrus ing ngisor!
Ojo lali, gedhabrus is our right, kopibec!
Mendhung
Acer Android Aspire V5 b64dta Baca Bayu Berkas CentOS CLI Crontab Debian Direktori DNS Fedora Gawe Penak IETF Istilah javascript Jejaring Kadhohan Kata Komputer Lama Linux Lubuntu Pengaturan PHP RedHat RPC Sejarah sekrip SSH Telnet Terminal torrent Tulis Ubuntu Ubé unduh-unduh uri magnet Waktu Windows Wordpress WWW ꦲꦤꦕꦫꦏIngkang Akhir (JV)
Katêgoni
- Hanacaraka (1)
- Internet (4)
- Jejaring (5)
- Kekata (4)
- komputer (26)
- Mlaku-Mlaku (2)
Tautan
- Amazon.com Tuku wujud saka duwit!
- Bitcoin Gratis Ugur klik-klik.
- Nambang Ugur ing Peramban
- Teknik Elektro Asalku ing Ubé
- Wèké Bayu
- Wikipèdia Gudang ilmu lan ngilmu.
- ꧋ꦧꦪꦸ ꦲꦶꦁ ꦲꦸꦧꦺ꧉
Bumbung
- July 2015 (2)
- January 2015 (2)
- December 2014 (1)
- October 2014 (1)
- September 2014 (1)
- August 2014 (2)
- May 2014 (1)
- February 2014 (2)
- December 2013 (1)
- November 2013 (4)
- September 2013 (1)
- August 2013 (1)
- July 2013 (1)
- June 2013 (2)
- April 2013 (3)
- November 2012 (1)
- August 2012 (3)
- July 2012 (1)