Lubuntu ing Acer Aspire V5-132
Lubuntu, sistem operasi Linux saka distribusi Ubuntu. Saka teori, luwih èntèng tinimbang Ubuntu jalarang gawé LXDE dadhi desktop environment tinimbang Unity sing apik nanging abot kaya gajah turu dikèrèk.
Wingi aku éntuk komputer cangkingan Acer Aspire V5-132. Jaré situs resmié Acer, iki digawé khusus kanggé sistem operasi Windows 7 lan Windows 8. Aku dhéwé luwih bungah gawé WIndows XP. Kanggé apa masang sing ora dak butuhné. Kecuali menawa aku butuh lan iku ugur siji-sijié pilihan, aku luwih milih gawé Windows XP.
Lah, aku uga seneng karo Linux Ubuntu. Nanging wujud iki uga katara abot saka versi sing akhir iki. Ya, Unity iku kapikan jaréku. Kanggé apa animasi akèh menawa komputermu déwé butuh wayah sajam kanggé buka berkas gambar Jpeg 5MB, toh?
Mangkané iku aku uga milih alternatif sistem operasi liya. Aku jajal gawé CentOS lan Fedora. Nanging jalaran loro iku kurang populer tinimbang Ubuntu, aku tau masang aplikasi cilik kanggé gawé cipher sing akèh, aku kudu kompilasi ulang OpenSSL saka sikil sing nekakné lara ati menawa urusan pustaka program.
Aku wis biasa gawé Ubuntu. Aku biasa gawé apt-get
tinimbang yum
. Aku luwih biasa masang biner tinimbang kompilasi saka kode.
Untungé, Ubuntu duwé versi liyané, yaiku Lubuntu.
Masang ing Komputer.
Caraé biasa, unduh berkas ISO versi sapinginmu ing lubuntu.net. Aku milih versi 64-bit jalaran komputerku iki isa. Yèn 32-bit, éman-éman akéh register ing CPU sing ora kagawé.
Pasang ing CD utawa ing UFD; komputer reboot; pilih kandar sing isié Lubuntu iku. Terus pilih sing isié kira-kira ngongkon masang ing komputer. Klik selanjutnya, selanjutnya, maca pengaturan, ngubah sakarepmu, ngenteni mindah berkas utawa ngunduh berkas anyar saka Internet, mari, reboot, terus simsalabim, Lubuntu ana ing komputer.
Oh ya, kanggé masang ing UFD, yaiku USB Flash Drive, sampéyan isa gawé Unetbootin, loh. Wujud iki bakal gawèkné UFD sing isa dadhi boot ing komputer.
Masalah.
Pas masang Lubuntu aku katemu masalah-masalah ing Acer Aspire V5-132. Kaya jaréku ing duwur iku, komputer iku jaré produsené ugur dukung Windows 7 lan WIndows 8. Jan cetil brei nastiti, toh?
Sing kasiji.
Iki dudu masalah saka Acer Aspire V5-132, nanging iki pancen masalah jaré laporan kekutu.
Unsafe swap space detected.
Iki jalaran sistem ora isa otomatis matèni swap, lokasi sementara menawa memori utama komputer katètèran, wayah milih masang Lubuntu ing mode enskripsi diska penuh (full disk encryption).
Sampéyan batalné pemasangan (iku tombol Batal ing pojokan), terus buka terminal, isa saka Menu terus Jalankan, utama pintasan papan ketik [Ctrl]+[Alt]+[T]. Sampéyan ketik:
sudo swapoff --all
Terus ulangi masang.
Sing kaloro.
Layar kaliwat sulap. Tombol [Fn]+[Panah] ora kena.
Buka terminal, terus ketik:
sudo nano /etc/default/grub
Ganti bagian iki:
GRUB_CMDLINE_LINUX="quiet splash"
Dadhi:
GRUB_CMDLINE_LINUX_DEFAULT="quiet splash acpi_osi=Linux acpi_backlight=vendor"
Terus simpen lan ketik perintah ini ing terminal:
sudo update-grub
Muat ulang komputer.
Sing Katelu.
Wifi ora mlaku! Iki mangkelné jalaran komputer iki, sing gawé sebel, ORA ana colokan Ethernet. Iku, loh, colokan kaya cop-copan telepon omah sing kahubung ing jaringan komputer lokal.
Kanggé cara iki sampéyan isa nyambungné komputer lewat hapé utawa masang USB Ehernet bèné isa nyampung menyang jaringan lokal sampéyan sing nyambung menyang Internet. Sampéyan uga isa gawé USB Modem kanggé iki.
Ing Terminal:
sudo apt-get install linux-headers-generic sudo apt-get install --reinstall bcmwl-kernel-source
Isa langsung digawé masio ora murupné ulang komputer.
Sing kapapat.
Bluetooth ora kena. Iki isa sapéyan waca ing “Gawé Mlaku Bluetooth Gawanan Acer Aspire V5-132 ing Lubuntu“.
La, iku saka aku. Menawa bingung utawa ana tambahan liya, ojo sungkan gedhabrus ing ngisor!
Ojo lali, gedhabrus is our right, kopibec!
Mendhung
Acer Android Aspire V5 b64dta Baca Bayu Berkas CentOS CLI Crontab Debian Direktori DNS Fedora Gawe Penak IETF Istilah javascript Jejaring Kadhohan Kata Komputer Lama Linux Lubuntu Pengaturan PHP RedHat RPC Sejarah sekrip SSH Telnet Terminal torrent Tulis Ubuntu Ubé unduh-unduh uri magnet Waktu Windows Wordpress WWW ꦲꦤꦕꦫꦏIngkang Akhir (JV)
Katêgoni
- Hanacaraka (1)
- Internet (4)
- Jejaring (5)
- Kekata (4)
- komputer (26)
- Mlaku-Mlaku (2)
Tautan
- Amazon.com Tuku wujud saka duwit!
- Bitcoin Gratis Ugur klik-klik.
- Nambang Ugur ing Peramban
- Teknik Elektro Asalku ing Ubé
- Wèké Bayu
- Wikipèdia Gudang ilmu lan ngilmu.
- ꧋ꦧꦪꦸ ꦲꦶꦁ ꦲꦸꦧꦺ꧉
Bumbung
- July 2015 (2)
- January 2015 (2)
- December 2014 (1)
- October 2014 (1)
- September 2014 (1)
- August 2014 (2)
- May 2014 (1)
- February 2014 (2)
- December 2013 (1)
- November 2013 (4)
- September 2013 (1)
- August 2013 (1)
- July 2013 (1)
- June 2013 (2)
- April 2013 (3)
- November 2012 (1)
- August 2012 (3)
- July 2012 (1)