Setifikat SSL sah saka peladen Universitas Brawijaya
Wis suwi saka peladen UB garai sebel aku. Jalaran gawé sertifikat SSL self signed sing garai aku kudu ngecek déwé keaslian sertikaté iku. Liyané iku Self-signed certificate duwé lan gawari masalah sing bakal metu saka gawé wujud iku.
- Sertifikat iki ora dipercaya karo aplikasi uga sistem operasi liya. Nanging iki isa diakali karo nambah sertifikat ing sertifikat sing dipercaya ing sistem operasi lan aplikasi sing uga nambah waktu kanggé ngurus lan mecahné masalah.
- Iki garai pengguna luwih gampang kapusan saka peladen palsu. Jalaran pengguna bolak-balik diwenehi peringatan sertifikat sing masalah, pengguna bakal kebal lan langsung nganggap iku masalah biasa. Dadhié menawa ana sing ngapusi ora ngerti. Contoé ing serangan wong tengah (man-in-the-middle attack), pengguna ora sadar menawa diarahé menyang peladen sing palsu. Akibaté data-data sing kudué menyang tujuan, diplèncèngné ora karuan.
- Saka bagian kasiji, iki luwih ngrépotné pengguna, jalaran kebingungan menawa ana peringatan saka aplikasi. Tujuané aplikasi iku apik. Nglindungi dèwèké saka hal sing ora jelas. Nanging menawa pengguna ora ngerti, isa-isa alamat sing dituju bakal ditinggal.
- Jalaran nomor telu, kredibilitas saka peladen bakal ala uga garai perusahaan, menawa iku perusahaan, sing masang peladen iku ketara murahan.
Ngomong-ngomong masalah murahan, ing Digicert iku ana “Single-Name SSL Certificates” sing regaé $175 saben taun kanggé siji ranah internet lan “Wildcard SSL Certificate” regaé $595 saben taun kanggé kabeh subranah. Kangé perusahaan menengah, iku kudué cukup. Apa manèh UBé sing kudué isa.
Wis ana.
Oh, ya wingi sore, aku jajal mlebu ing jaringané ubé. Aku kaget, tibaé SSL-é wis gawé CA sing jalas. Gawé Digicert ing CN *.ub.ac.id. Kayaé gawé sing “Wildcard SSL Certificate”. Iku katanggal 27/01/2014 0:00:00 GMT nganti 04/02/2015 12:00:00 GMT. Lumayan, lah. (Pembaruan 2014-02-19 11:22 UTC+7)
Mendhung
Acer Android Aspire V5 b64dta Baca Bayu Berkas CentOS CLI Crontab Debian Direktori DNS Fedora Gawe Penak IETF Istilah javascript Jejaring Kadhohan Kata Komputer Lama Linux Lubuntu Pengaturan PHP RedHat RPC Sejarah sekrip SSH Telnet Terminal torrent Tulis Ubuntu Ubé unduh-unduh uri magnet Waktu Windows Wordpress WWW ꦲꦤꦕꦫꦏIngkang Akhir (JV)
Katêgoni
- Hanacaraka (1)
- Internet (4)
- Jejaring (5)
- Kekata (4)
- komputer (26)
- Mlaku-Mlaku (2)
Tautan
- Amazon.com Tuku wujud saka duwit!
- Bitcoin Gratis Ugur klik-klik.
- Nambang Ugur ing Peramban
- Teknik Elektro Asalku ing Ubé
- Wèké Bayu
- Wikipèdia Gudang ilmu lan ngilmu.
- ꧋ꦧꦪꦸ ꦲꦶꦁ ꦲꦸꦧꦺ꧉
Bumbung
- July 2015 (2)
- January 2015 (2)
- December 2014 (1)
- October 2014 (1)
- September 2014 (1)
- August 2014 (2)
- May 2014 (1)
- February 2014 (2)
- December 2013 (1)
- November 2013 (4)
- September 2013 (1)
- August 2013 (1)
- July 2013 (1)
- June 2013 (2)
- April 2013 (3)
- November 2012 (1)
- August 2012 (3)
- July 2012 (1)